Posted on May 6, 2008 by antown
Rodo payah dino iki. Sore mau aku teko nang kantor rodo’ kesoren. Budal-budal kudanan pisan, untunge durung deres, tapi angine wis nggebesz.
Budal sak marine magrib, durung mangan kecuali isuk mau. Rujak sing tak tuku mau isuk tak gowo nang kantor. Sopo eruh sik iso dipangan karo arek-arek engkok. Tapi pas tak buka ternyata setengah mambu. Manajer artistik ku wis kadung ngincipi padahal mau. Hehehe, salah-e njupuk dewe padahal gak tak tawari. Bungkusan-e mau tak deleh nang sebelahku critane.
Mumpung ono waktu, aku langsung metu nggolek panganan nang ndalan. Udan-e durung mari. Gak ngurus aku terus mlaku ae, saking luwehne. Onok wong dodol sego goreng nang ngarepan. Aku tuku mie goreng ditambah sego ben wareg, ndoq-e ditambah siji meneh. Total sepuluhewu.
Kuat urip ning jakarta nek mangan-ne sak mono?
Filed under: Uncategorized | 3 Comments »
Posted on May 5, 2008 by antown
Dibelani tangi awan ben isok teko nang rapat jam 4 eh…. malah rapat-e ditunda meneh. Lagi-lagi ditunda. Jelas aku kecewa pol. Soal-e aku kurang turu pirang-pirang dino iki. Kapan awakku isok tenang nek carane koyok ngene. Saben rapat mesti bengi-bengi, wayae wong podo turu.
Sesuk aku pingin pembalasan, aku pingin turu sak tuwuk-tuwuk-e, mumpung aku wis stok panganan (mau mari teko alfamart). Engko’ aku pingin mulih nek ono barengan-e.
antownholic.blogspot.com
Filed under: Uncategorized | No Comments »
Posted on April 28, 2008 by antown
Saking gak onok kerjaan-ae, turu males, nang kantor yo durung wayahe, akhir-e aku nggawe gambar meneh. Nggawe gambar pas mari tangi turu sampe mripatku ngantuk meneh. Gambar-e akhir-e yoh dadi pisan. Lumayan isok kanggo materi ngeblogku nang antownholic.blogspot.com
Kanggoku, nggambar iku iso marai ngantuk, sak liyane nggambar paling-paling moco buku sing tebel. Mesti dijamin ngantuk. Mbuh, pancen obat ngantuk sakben wong bedho-bedho. Nek gambar-e wis dadi rasane legho banget.
Gambare wis tak scan mau pas nembhe teko nang kantor. Saiki wis nyante garek nulis postingan-e ae. Tapi kok moro-moro gak mood opo-o yoh?
Filed under: Uncategorized | 3 Comments »
Posted on April 27, 2008 by antown
Konco-koncoku podo rabi satu per satu. Sing lanang mungkin isok dikatakan nekat soale nek dipikir-pikir biasane arek lanang senengane nggolek duwek sik, baru nek wis rodok mapan pingin rabi pisan. Nek sing wedok biasane sih mergo kebelet-ae. Daripada gak payu blas, kasarane.
Ngomong soal rabi pancen wenak tenan. Dadi arek lanang nek rabi yo kudu duwe tanggung jawab gede. Sak marine rabi akhir-e ngopeni wong wedok. Belajar berbagi karo bojone. Hmmm, kapan yo aku ndang rabi. Ben gak nglirak-lirik tonggone uwong iku. Marai fitnah-ae.
Tapi gajiku sing kurang jeh, urip ning jakarta gaji kudu gede supoyo iso nabung kanggo masa depan. Nek gak kpingin urip enak yo nyante ae wis. Soale aku wis niat, nek nang Jakarta kudu gelem soroh. Artine kudu dimulai dari kecil dulu, pelan-pelan baru sambil jalan cari peluang liyane. Baru nek wis cukup bondone aku wani rabi hahaha…
Pertanyaan kemudian, aku rabi karo sopo yoh?
Filed under: Uncategorized | Tagged: Jakarta, Rabi | No Comments »
Posted on April 25, 2008 by antown
Asline gak angel nggolek ide kanggo nulis iku. Sing angel iku niat ngelakonine. Misale koyok mau awan pas bareng karo Sis nang kantor. Sakdurunge melbu kantor aku mlaku-mlaku nggolek panganan. Maklum wetengku luwe tapi kepingin mangan sing gak biasane. Mosok bendino mangan nang warung tegal terus. Aku pingin nggolek liyane.
Pas mlaku-mlaku nang sekitar kantor, onok pasangan bule nggowo tas guedhe. Koyo’ane lagi kebingungan mondar-mandir. Terus nang sebelahe onok wong tukang sablon embongan. Akeh arek cilik sing nggowo kaos-e dewe-dewe pingin disabloni pisan. Iku mau wis isok dinggo bahan kanggo nulis sakjane.
Taklanjutno yo, polae gak entuk panganan sing pas yo wis aku mbalik nang arah kantor. Aku kilingan onok warung padang karo warung sing dodol mi nang sebelahe. Aku pesen ayam bakar trusan. Durung entek manganku mau, teko mas boy, redaktur palembang. De’e lungguh nang sebelahku. Yo wis, gak suwe aku mbuka diskusi santai karo mangan-mangan. Iki yo iso kanggo bahan tulisan. Suwer, asline gak angel kok nek awak ndewe gelem niat trus dilakoni.
Daripada aku ngoceh terus nang kene, wislah aku tak ngurus liyane sik. Blogku sing sijine yo sik butuh perhatian soale.
Filed under: Uncategorized | Tagged: diskusi, Ide, Mangan | 1 Comment »
Posted on April 24, 2008 by antown

Mau bengi aku tuku sego goreng nang ngarepe kantor-e Kaka. Mbuh opo-o pas aku mbayar cuma’ dikongon mbayar limangewu (5000). Aku ngomong nang ibu-e sing dodol, “pinten, Bu? kulo ngangge nasi mawon, minum-e air putih”. Bu-e trus njawab, “Gangsalewu mawon, mas”.
Asline segone enak sih, soale nganggo bumbu jowo, gak koyok sego goreng liyane sing rasane neq iku. Cuma’ pas aku mau ketepa’an segone kelemesen. Dadine yo kurang mak nyus. Akhire yo gak tak entekno. Sayang sih asline. Tapi lumayanlah wetengku wis keisi.
Bengi iki aku ngelayout majalah meneh, ngewangi Kaka ben ndang mari. Ben ndang bayaran hehehe. Pancen nek kepingin duwek-e akeh yo kudu kerja keras. Tul gak?? Tapi bengi iki mau asline onok pembukaan pameran kartun nang kedutaan Jepang, nang Jl Sudirman konoh. Asline yoh kepingin tekan nang konoh, tapi yo’opo meneh kerjaanku durung mari-e. Paling2 mene-ae nek onok kesempatan. Mumpung aku sik nang Jakarta, mumpung sik onok kesempatan nggolek kenalan sak akeh-akeh-e.
Mene kerjo meneh. Padalan kumba-anku wis numpuk, tapi aku muales ngumbah. Coba’ nek ono sing ngumbahno koyok Sis lak enak awakku gak usah soroh-soroh. Mulih kerjo turu, trus tangi, mangan, kerjo meneh… Enak koyokane.
Ngomong soal panganan sakjane aku pingin mangan karo Manda la Mendol, kakak kelasku pas kuliah sing saiki kerjo nang media Surabaya bagian kuliner iku. De’e nduwe akeh referensi jarene. Jange ae wis nek sempat mbalik nang Suroboyo tak telpon-ne dek-e. Tak tagih-e. Sopo eruh aku dijak mangan gratisan sekalian, hehehe…
Gambar njupuk teko kene
Filed under: Uncategorized | Tagged: Mangan, Sego Goreng | 1 Comment »
Posted on April 23, 2008 by antown
Aku sering bingung asline. Nang Jakarta iki niate kerjo tapi kadang kok yo keterlaluan. Kerjo gak onok isirahate. Gak onok lheren-e. Wis bayarane gak sepiro’o. Opo meneh nek pas preian koyok ngene.
Prei dino kemis enak-e nang endi yoh? Digawe turu terus yo gak enak nang awak. Arep metu kok yo muales pol. Ngene iki nasib-e nek durung nduwe sepeda montor. Gak isok nang endi-endi. SIM gak nduwe pisan. Halah!! kok aku mikir sing aneh-aneh. Sing penting dilakoni disik ae. Sing penting preian kudu isok mangan sing mutu, sing enak. Trus pikiran gak oleh stress.
Engkok nek sido aku paling dolan nang kos-e Ony. Jarene onok Ay nang kono. Sekalian silaturahim, kan wis suwe gak tau ketemu dek-e. Kiro-kiro koyok opo yo arek-e? Mosok se wis gak kuru meneh koyok mbiyen iko? Aku kpingin eroh resep-e. Sopo eroh engkok isok tak praktekno?
Filed under: Uncategorized | Tagged: Suroboyoan | 1 Comment »
Posted on March 1, 2008 by antown
Welcome to WordPress.com. This is your first post. Edit or delete it and start blogging!
Filed under: Uncategorized | 2 Comments »