Preian Enak-e Lapo?
Aku sering bingung asline. Nang Jakarta iki niate kerjo tapi kadang kok yo keterlaluan. Kerjo gak onok isirahate. Gak onok lheren-e. Wis bayarane gak sepiro’o. Opo meneh nek pas preian koyok ngene.
Prei dino kemis enak-e nang endi yoh? Digawe turu terus yo gak enak nang awak. Arep metu kok yo muales pol. Ngene iki nasib-e nek durung nduwe sepeda montor. Gak isok nang endi-endi. SIM gak nduwe pisan. Halah!! kok aku mikir sing aneh-aneh. Sing penting dilakoni disik ae. Sing penting preian kudu isok mangan sing mutu, sing enak. Trus pikiran gak oleh stress.
Engkok nek sido aku paling dolan nang kos-e Ony. Jarene onok Ay nang kono. Sekalian silaturahim, kan wis suwe gak tau ketemu dek-e. Kiro-kiro koyok opo yo arek-e? Mosok se wis gak kuru meneh koyok mbiyen iko? Aku kpingin eroh resep-e. Sopo eroh engkok isok tak praktekno?
Filed under: Uncategorized | Tagged: Suroboyoan
Nang omahku ae ton…mancing