Sego Goreng Jowo
Mau bengi aku tuku sego goreng nang ngarepe kantor-e Kaka. Mbuh opo-o pas aku mbayar cuma’ dikongon mbayar limangewu (5000). Aku ngomong nang ibu-e sing dodol, “pinten, Bu? kulo ngangge nasi mawon, minum-e air putih”. Bu-e trus njawab, “Gangsalewu mawon, mas”.
Asline segone enak sih, soale nganggo bumbu jowo, gak koyok sego goreng liyane sing rasane neq iku. Cuma’ pas aku mau ketepa’an segone kelemesen. Dadine yo kurang mak nyus. Akhire yo gak tak entekno. Sayang sih asline. Tapi lumayanlah wetengku wis keisi.
Bengi iki aku ngelayout majalah meneh, ngewangi Kaka ben ndang mari. Ben ndang bayaran hehehe. Pancen nek kepingin duwek-e akeh yo kudu kerja keras. Tul gak?? Tapi bengi iki mau asline onok pembukaan pameran kartun nang kedutaan Jepang, nang Jl Sudirman konoh. Asline yoh kepingin tekan nang konoh, tapi yo’opo meneh kerjaanku durung mari-e. Paling2 mene-ae nek onok kesempatan. Mumpung aku sik nang Jakarta, mumpung sik onok kesempatan nggolek kenalan sak akeh-akeh-e.
Mene kerjo meneh. Padalan kumba-anku wis numpuk, tapi aku muales ngumbah. Coba’ nek ono sing ngumbahno koyok Sis lak enak awakku gak usah soroh-soroh. Mulih kerjo turu, trus tangi, mangan, kerjo meneh… Enak koyokane.
Ngomong soal panganan sakjane aku pingin mangan karo Manda la Mendol, kakak kelasku pas kuliah sing saiki kerjo nang media Surabaya bagian kuliner iku. De’e nduwe akeh referensi jarene. Jange ae wis nek sempat mbalik nang Suroboyo tak telpon-ne dek-e. Tak tagih-e. Sopo eruh aku dijak mangan gratisan sekalian, hehehe…
Gambar njupuk teko kene
Filed under: Uncategorized | Tagged: Mangan, Sego Goreng
anton..wakakaakak..ayo wis tak bayari..ngombe tok tapiiii hehehehe