Nggolek Ide

Asline gak angel nggolek ide kanggo nulis iku. Sing angel iku niat ngelakonine. Misale koyok mau awan pas bareng karo Sis nang kantor. Sakdurunge melbu kantor aku mlaku-mlaku nggolek panganan. Maklum wetengku luwe tapi kepingin mangan sing gak biasane. Mosok bendino mangan nang warung tegal terus. Aku pingin nggolek liyane.

Pas mlaku-mlaku nang sekitar kantor, onok pasangan bule nggowo tas guedhe. Koyo’ane lagi kebingungan mondar-mandir. Terus nang sebelahe onok wong tukang sablon embongan. Akeh arek cilik sing nggowo kaos-e dewe-dewe pingin disabloni pisan. Iku mau wis isok dinggo bahan kanggo nulis sakjane.

Taklanjutno yo, polae gak entuk panganan sing pas yo wis aku mbalik nang arah kantor. Aku kilingan onok warung padang karo warung sing dodol mi nang sebelahe. Aku pesen ayam bakar trusan. Durung entek manganku mau, teko mas boy, redaktur palembang. De’e lungguh nang sebelahku. Yo wis, gak suwe aku mbuka diskusi santai karo mangan-mangan. Iki yo iso kanggo bahan tulisan. Suwer, asline gak angel kok nek awak ndewe gelem niat trus dilakoni.

Daripada aku ngoceh terus nang kene, wislah aku tak ngurus liyane sik. Blogku sing sijine yo sik butuh perhatian soale.

One Response to “Nggolek Ide”

  1. waduh mas…kok basa jawi semua…
    rada gak mudheng aku…
    :)

    @rizal: iya, mas. lagi pingin nulis blog bahasa jawa. hehehe. yang versi indonesia ada di antownholic.blogspot.com

Leave a Reply