Sambatan

Rodo payah dino iki. Sore mau aku teko nang kantor rodo’ kesoren. Budal-budal kudanan pisan, untunge durung deres, tapi angine wis nggebesz.
Budal sak marine magrib, durung mangan kecuali isuk mau. Rujak sing tak tuku mau isuk tak gowo nang kantor. Sopo eruh sik iso dipangan karo arek-arek engkok. Tapi pas tak buka ternyata setengah mambu. [...]

Gagal Meneh Rapat-e

Dibelani tangi awan ben isok teko nang rapat jam 4 eh…. malah rapat-e ditunda meneh. Lagi-lagi ditunda. Jelas aku kecewa pol. Soal-e aku kurang turu pirang-pirang dino iki. Kapan awakku isok tenang nek carane koyok ngene. Saben rapat mesti bengi-bengi, wayae wong podo turu.
Sesuk aku pingin pembalasan, aku pingin turu sak tuwuk-tuwuk-e, mumpung aku wis [...]