Sambatan
Rodo payah dino iki. Sore mau aku teko nang kantor rodo’ kesoren. Budal-budal kudanan pisan, untunge durung deres, tapi angine wis nggebesz.
Budal sak marine magrib, durung mangan kecuali isuk mau. Rujak sing tak tuku mau isuk tak gowo nang kantor. Sopo eruh sik iso dipangan karo arek-arek engkok. Tapi pas tak buka ternyata setengah mambu. Manajer artistik ku wis kadung ngincipi padahal mau. Hehehe, salah-e njupuk dewe padahal gak tak tawari. Bungkusan-e mau tak deleh nang sebelahku critane.
Mumpung ono waktu, aku langsung metu nggolek panganan nang ndalan. Udan-e durung mari. Gak ngurus aku terus mlaku ae, saking luwehne. Onok wong dodol sego goreng nang ngarepan. Aku tuku mie goreng ditambah sego ben wareg, ndoq-e ditambah siji meneh. Total sepuluhewu.
Kuat urip ning jakarta nek mangan-ne sak mono?
Filed under: Uncategorized
oalah urip ning jancukarta tho?
Oh ini toh blog basa jawanya. di aktifin aja. banyak kok orang jawa, aku juga akan sering-sering ke sini biarpun cuma mejang karena gakkkk ngarti
ati2 cak keno tipes nek telat mangan