Posted on May 6, 2008 by antown
Rodo payah dino iki. Sore mau aku teko nang kantor rodo’ kesoren. Budal-budal kudanan pisan, untunge durung deres, tapi angine wis nggebesz.
Budal sak marine magrib, durung mangan kecuali isuk mau. Rujak sing tak tuku mau isuk tak gowo nang kantor. Sopo eruh sik iso dipangan karo arek-arek engkok. Tapi pas tak buka ternyata setengah mambu. [...]
Filed under: Uncategorized | 3 Comments »
Posted on May 5, 2008 by antown
Dibelani tangi awan ben isok teko nang rapat jam 4 eh…. malah rapat-e ditunda meneh. Lagi-lagi ditunda. Jelas aku kecewa pol. Soal-e aku kurang turu pirang-pirang dino iki. Kapan awakku isok tenang nek carane koyok ngene. Saben rapat mesti bengi-bengi, wayae wong podo turu.
Sesuk aku pingin pembalasan, aku pingin turu sak tuwuk-tuwuk-e, mumpung aku wis [...]
Filed under: Uncategorized | No Comments »
Posted on April 28, 2008 by antown
Saking gak onok kerjaan-ae, turu males, nang kantor yo durung wayahe, akhir-e aku nggawe gambar meneh. Nggawe gambar pas mari tangi turu sampe mripatku ngantuk meneh. Gambar-e akhir-e yoh dadi pisan. Lumayan isok kanggo materi ngeblogku nang antownholic.blogspot.com
Kanggoku, nggambar iku iso marai ngantuk, sak liyane nggambar paling-paling moco buku sing tebel. Mesti dijamin ngantuk. Mbuh, [...]
Filed under: Uncategorized | 3 Comments »
Posted on April 27, 2008 by antown
Konco-koncoku podo rabi satu per satu. Sing lanang mungkin isok dikatakan nekat soale nek dipikir-pikir biasane arek lanang senengane nggolek duwek sik, baru nek wis rodok mapan pingin rabi pisan. Nek sing wedok biasane sih mergo kebelet-ae. Daripada gak payu blas, kasarane.
Ngomong soal rabi pancen wenak tenan. Dadi arek lanang nek rabi yo kudu duwe [...]
Filed under: Uncategorized | Tagged: Jakarta, Rabi | No Comments »
Posted on April 25, 2008 by antown
Asline gak angel nggolek ide kanggo nulis iku. Sing angel iku niat ngelakonine. Misale koyok mau awan pas bareng karo Sis nang kantor. Sakdurunge melbu kantor aku mlaku-mlaku nggolek panganan. Maklum wetengku luwe tapi kepingin mangan sing gak biasane. Mosok bendino mangan nang warung tegal terus. Aku pingin nggolek liyane.
Pas mlaku-mlaku nang sekitar kantor, onok [...]
Filed under: Uncategorized | Tagged: diskusi, Ide, Mangan | 1 Comment »
Posted on April 24, 2008 by antown
Mau bengi aku tuku sego goreng nang ngarepe kantor-e Kaka. Mbuh opo-o pas aku mbayar cuma’ dikongon mbayar limangewu (5000). Aku ngomong nang ibu-e sing dodol, “pinten, Bu? kulo ngangge nasi mawon, minum-e air putih”. Bu-e trus njawab, “Gangsalewu mawon, mas”.
Asline segone enak sih, soale nganggo bumbu jowo, gak koyok sego goreng liyane sing rasane [...]
Filed under: Uncategorized | Tagged: Mangan, Sego Goreng | 1 Comment »
Posted on April 23, 2008 by antown
Aku sering bingung asline. Nang Jakarta iki niate kerjo tapi kadang kok yo keterlaluan. Kerjo gak onok isirahate. Gak onok lheren-e. Wis bayarane gak sepiro’o. Opo meneh nek pas preian koyok ngene.
Prei dino kemis enak-e nang endi yoh? Digawe turu terus yo gak enak nang awak. Arep metu kok yo muales pol. Ngene iki nasib-e [...]
Filed under: Uncategorized | Tagged: Suroboyoan | 1 Comment »
Posted on March 1, 2008 by antown
Welcome to WordPress.com. This is your first post. Edit or delete it and start blogging!
Filed under: Uncategorized | 2 Comments »